Lirik Laila Ayu - Ibu Bapak Iki Anakmu Sing Nakal




Mripat iki merem kelingan sliramu
Ibuk…Bapak
Sing nggedhekne awakku
Kulite panjenengan saiki wis podo keriput
Nanging tresnomu marang aku ora tau surut

Kulitmu wis keriput
Rambutmu wis memutih
Madoske sego dilarani ati
Ora tau ngeluh

Gusti kulo nyuwun pangapuro sing akeh
Durung iso mulyakke wong tuo
Uripku dadi perih

Ibuk… Bapak… niki anakmu sing nakal
Nyuwun dungo pangestu sing dadi modal
Mbrebes mili eluh iki netes neng pipi
Kulo kangen panjenengan neng njero ati

Saben wengi kulo ndungo marang Sing Kuoso
Mugo Ibuk Bapak diparingi sehat lan mulyo
Sepurane bapak sepurane ibuk
Anakmu mung dadi beban atiku remuk

Dungo ku kanggo sampyan wong tuwoku
Dungo sae sing sami dungane sampyan
Kanggo anak-anak e
Ibuk… Bapak…
Tresnaku neng sampyan selawase

Ibuk… Bapak…
Niki anakmu sing nakal…
Nyuwun dungo pangestu sing dadi modal…
Mbrebes mili eluh iki netes neng pipi…
Kulo kangen panjenengan neng njero ati…

Posting Komentar untuk "Lirik Laila Ayu - Ibu Bapak Iki Anakmu Sing Nakal"