Uwis suwe mendhem roso jroning dodo
Nanging aku arep sambat karo sopo
Turu mung tansah klisik’an
Arep mangan ra doyan
Kok koyo ngene
Rasane lagi kesandung asmoro
Ono ngomah rasane wis ora krasan
Karep atiku kudu kepengen dolan
Mung pengen ketemu
Karo sliramu wong bagus
Nadyan mung sedelo ati dadi lego
Kembang mlati tuwuh neng gunung lawu
Ati ayem yen lagi nyawang esemmu
Koyo ngopo bungah rosone atiku
Biso ketemu lungguh jejer sliramu
Yo mung kowe sing ono sak jroning ati
Tresnaku iki tuwuh tulusing ati.
